Ketika Lidah Tajam, Namun Tangan Tak Mampu Mengobati

Baca: ketika ilmu dikalahkan oleh Nafsu

Crita Serambi Masjid Malam Ahad

Wengi wis rada sepi. Angin alon-alon ngelus serambi masjid. Lampu bohlam kuning madhangi telung wong sing lungguh jejeg ana serambi masjid sawise sholat Isya.

Malam Ahad, wong desa wis padha bali omah, ning telung wong iki isih kober lungguh-duduk.

Kiyai Dul Kamid lungguh tengah, sarungé dilipet rapi, tasbih isih muter alon.

Ana sisih kiwa, Mbah Dulhadi, wong sepuh sing remen mikir jero.

Sisih tengen, Kang Parman, wong enom, jujur ning kadhang rada telmi.

Sawise suwe meneng, Mbah Dulhadi ngresula alon.

Mbah Dulhadi:

“Yai… inyong kie kepikiran terus. Ana wong, cangkeme pinter nasehati wong liya. Kabeh kesalahan wong liya katon. Ning pas awake dhewek ketiban masalah, kok ya bingung dhewek. Kuwe kepriwe sejatine, Yai?”

Kiyai Dul Kamid mesem tipis. Tasbihé mandeg sedela.

Kiyai Dul Kamid:

“Hehehe… Mbah, kuwe wis saka jaman mbiyen. Wong kayak kuwe ibaraté nyebar peso landhep nang wong liya, ning pas dicekel dhewek, malah ndlesep tangane dhewek.”

Kang Parman langsung nyela, rada bingung.

Kang Parman:

“Lho Yai, maksude kepriwe? Piso kan kanggo motong. Kok bisane malah nyilakaken sing nyekel?”

Kiyai Dul Kamid ndeleng Kang Parman, banjur ngguyu alus.

Kiyai Dul Kamid:

“Nah kuwe, Man. Piso kuwi nasihat. Yen sing nyekel ora trampil, ora nganggo gagang iman lan amal, ya bisa ndlesep.

Wong kuwe pinter ngomong, ning ora gelem nglakoni. Akhire nasihaté ora dadi obat, malah dadi racun.”

Mbah Dulhadi ngangguk-ngangguk.

Mbah Dulhadi:

“Berarti salah nasehati, Yai?”

Kiyai Dul Kamid:

“Ora salah, Mbah. Islam ora nglarang wong dosa nasehati. Ning sing dilarang kuwe rumangsa paling bener.

Gusti Allah wis ngendika nang Qur’an:

‘Ngapa kowe padha ngomong sing ora kowe lakoni?’

Kuwe tegurane alus, ning nyecep.”

Kang Parman nggaruk sirah.

Kang Parman:

“Lha nek wong durung bisa nglakoni kabeh, apa ora usah nasehati sekalian, Yai?”

Kiyai Dul Kamid mesem maneh, banjur ngomong luwih gamblang.

Kiyai Dul Kamid:

“Nah kiye sing kudu dipahami. Dudu soal wis suci apa durung. Ning soal jujur karo awak dhewek.

Nasehati karo atiné dhewek:

‘Ya Allah, aku nyuwun tulung, aku dhewek ya lagi sinau nglakoni kiye.’

Dadi nasihat kuwi kaya kaca, ora kaya pentung.”

Mbah Dulhadi nyeletuk alon.

Mbah Dulhadi:

“Berarti nek mung cangkeme sing landhep, atiné ora melu, ya bahaya ya, Yai?”

Kiyai Dul Kamid:

“Inggih, Mbah. Nabi wis wanti-wanti. Ana wong sing mbiyen remen merentah kebaikan, ning ora nglakoni. Mengko nang akhirat, nasihaté dadi bukti sing nglawan awake dhewek.

Mula ulama ngomong,

‘Dakwah sing paling mujarab kuwi dudu lisan, ning lakon.’”

Kang Parman mandeg, banjur ngelus dhadha.

Kang Parman:

“Yai… berarti sing penting kuwi ora akeh ngomong, ning akeh mbenerake awak dhewek ya?”

Kiyai Dul Kamid:

“Ngena banget, Man.

Wong sing apik kuwe nek ngomong sethithik, ning tumindake ngandani.

Nek durung iso ngobati wong liya, aja nganti nyilakake awak dhewek.”

Angin wengi nambah adhem. Swara jangkrik krungu jelas.

Telung wong kuwi padha meneng sedela, saben-saben kaya lagi ngaca nang atiné dhewek.

Kiyai Dul Kamid nutup nganggo swara lirih.

Kiyai Dul Kamid:

“Muga-muga Gusti Allah njaga lisan kita, lan luwih nguatke lakon kita.

Amarga nasihat tanpa amal, kaya lampu tanpa lenga.”

Mbah Dulhadi lan Kang Parman ngangguk bebarengan.

“Inggih, Yai…”

Lan wengi Malam Ahad kuwi dadi saksi, yen serambi masjid ora mung kanggo lungguh, ning kanggo ngresiki ati.

Alhamdulillah 

Wallahua'lam 

Penafsir Jalanan 

Wong Gunung 

Baca juga :Langkah tergesa-gesa sang kiyai

menunggu kehancuran perusak NU

Comments

Popular posts from this blog

RIZKI, ASAP ROKOK, DAN KETELA GORENG PANAS

Ketika Kebencian Menutup Pintu Ilmu dan Nasihat

MENUNGGU KEHANCURAN PERUSAK NU